Selamat Datang di Blog Numpang Lewat

Selamat Datang di Blog Numpang Lewat
Trims, anda telah bergabung dan berkunjung di blog ini
Blog ini adalah wadah untuk berbagi pengalaman, menuangkan ide-ide, serta sebagai ajang kreativitas para bloger yang mau berpartisipasi dan menyumbangkan pikirannya melalui blog ini.

Selasa, 16 September 2008

SEKAR MACAPAT

DHANDANGGULA
(Ngemot suraosipun Surat Al Fatihah)

Tekading tyas anganggit mrih manis
kekidungan angandhut wewarah
mrih tan sungkan pamacane
Nyinau Qur'an iku
kuwajiban ingkang wigati
dimen datan kesasar
nalisir ing hukum
Den nastiti pamacanya
Golekana piwulang ingkang sejati
kacetha jroning Qur'an

Wedharing rehsurasaning tulis
Paugeran mungguhing manungsa
mrih widada selawase
Yeku Qur'an kang luhur
Kitab suci peparing Gusti
Allh Kang Maha Tunggal
lan Kang Maha Agung
Aparing wahyu pratela
mring Muhammas pungkasaning rasul yekti
panutaning manungsa

Purwakane yogya den wiwiti
anyurasa Surat Al Fatihah
Ummul Qur'an sejatine
Maca Ta'awudz iku
anyenyuwun rinekseng Gusti
tinebihna ing setan
kang tansah ngreridhu
Ngajak marang karusakan
Mula kudu nyuwun pangreksa ing Gusti
yen arsa maca Qur'an

Kanthi nyebut ing Asmaning Gusti
Gusti Allah ingkang Maha Mirah
Maha Asih sejatine
Puja lan puji iku
amung Allah ingkang ndarbeni
Gustining jagat raya
ya 'alam sawegung
Maha welas asih cetha
Kang ngratoni dinaning Agama yekti
kukuding alam donya

Amung dhumateng Paduka Gusti
hamba nyembah saha kumawula
abgrerepa dhe[e-dhepe
Hamba nyuwun pitulung
tinedahna margi kang yekti
margining tiyang kathah
ingkang begja tuhu
Paduka paringi nikmat
Sanes margi bebendu lan sasar sami
Amin tutuping donga.

(dipun kutip saking "Sekar Sari Kidung Rahayu" Sekar Macapat terjemahanuipun Juz "Amma anggitanipun Achmad Djuwahir Anomwidjaja)







Tidak ada komentar: